Lanting Bumbu
Bentukmu sing angka wolu
Nylekamin nang njero gulu
Warnamu sing abang putih
Nyata rasane gurih
Ra perduli sapa sing macul
Ra perduli sapa sing mbedul
Janji wis dadi lanting
Wutuh sega saceting
Lanting Bumbu,
Didol limang ewuan
Senadyan pada adoh nang paran
Aja ilang le bebrayan
Lanting bumbu,
Didol limang ewuan
Senadyan wis pada mapan
Jaga paseduluran
Lanting bumbu
Bentukmu sing angka wolu
Nylekamin nang njero gulu
Al Badamy, Karawang 29-8-2018
Lingkar Sastra Gombong (Lisong)