Merdeka atawa Mati (Puisi Ngapak)

Words
118
Reading
1 min
Listen
Play
8y

MERDEKA ATAWA MATI

Kumlebat pucuk-pucuk gendera abang putih

Lan panji-panji ketiup angin

Numanda'ake yen saiki lagi ngraya'ake kamardikan

Indonesia, saben 17 Agustusan

Wis umur pitung puluh telu tahun

Indonesia merdeka

Nanging durung kabeh rakyat bisa ngrasa'ake merdeka

Tegese, keadilan durung merata

Akeh wong cilik,sing nangis mata

Wong gede korupsi ngraja lela,ora diukum ora dikunjara

Merga sugih duit sugih dunya

Tapi ana wong jelata,

Nyolong randu, nyolong semangka

Tanpa ampun langsung dikunjara

Saiki pancen wis ora ana perang senjata

Tapi perange, ngelawan hawa nafsune rika

Sing,wis ora bisa mbedakna wong miskin karo wong sugih banda

Mula... wong dijajah kue pedih, Jendral!!!

"Merdeka Atawa Mati"

Sekali merdeka tetap merdeka!!!

KaranFigo (Ahmad Kasiran Syahbani), Sikayu, Gombong,11/8-18,18:05, JKT

Lingkar Sastra Gombong (Lisong)

Merdeka atawa Mati (Puisi Ngapak) | Ecency